C U K
Cerkak dening Ki Ali
Cerkak dening Ki Ali
Sing dewadani ora nggople. Pancen, Nur babarane wis suwe. Sing dienteni Su seprana-seprene wis teka mangsane. Ora gumun angger kabeh ngira kuwe sing marakna Su dadi ora jenjem nggegem cuke. Ningen sing ana neng pikirane Su ora padha karo penyanane batire.
Manut critane musik keroncong ngrembaka kawit taun 1880 sewise ana cuk sing munine crong-crong-crong. Gitar cilik sing senare nilon cacah telu, kelebu bangsane ukulele sing wiwit ana neng Hawaii setaun sedurunge. Munine crong sing antul-antul kuwe marakena sing padha maen, nembang lan uga sing ngrungokna dadi ngemat pisan. Malah, angger wegig nabuhe, nggo batir keroncongan dhewekan ya cuk lewih maen ketimbang gitare.
Kaya cuk neng gegemane Su. Wis sewulanan kencrang-kencrunge sering keprungu neng bale umahe Pak Kamsu, keroncongan. Senajan alat musike ora jangkep nyatane nggulih keroncongan ya wis patut derungokna. Prayit, Mardong, lan Dar katon kewes nggulih maen cak, selo, lan contrabass utawane bass betot. Apamaning Pak Kamsu sing baut maen gitar nganggo gaya kontrapuntis. Sing melu rubung ngasi padha jaluki lagu. Nembange ya gentenan. Emane pancen urung ana sing maen flute apadene biola.
Ningen wengi kuwe cuk neng gegemane Su madan amleng. Angger ora keri nadane, ya ilang cronge merga tangane ora kemlawe. Su ora kaya biasane. Dadi gumune sing padha rubung neng bale.
"Niyat apa ora jane, Su? Katonen Nur baen apa kepriwe?"
"Nembe jam sepuluh kiye. Esih sore."
"Hisss..belih wong agi seneng-senenge. Iya apora, Su? Hehehe…"
***
Mau, sedurunge mangkat keroncongan, kawit sore mula cuk kuwe mung decekethem gulune. Sikil jegang awak semendhe, Su sedhela merem sedhela ngunjal ambekan. Mung sepisan pindho tangane tengen nggramak senare cuk. Crung! Genah, Su agi ngalamun.
"Mbok udan.", Nur bojone nyendhehna payung neng ngarep lawang. Neng njaba grimis pancen wis mipil teka, pating pletik balapan ngiyub neng ngisore sesuketan.
Ngalamune bubar, Su meneng baen. Kur sekecap omonge Nur kuwe wis cetha: ora ana liyane maning kejaba apa sing ana, apa sing wis tau ana. Wis tau ana! Wis tau! Tegese agep ora ana maning! Mbarengi klebate Nur sing marani bayine, Su mijeti sirahe sing semendhe aring banon. Senajan mripate merem, ningen emutane ngambahi maning aring dina-dina jaman semana. Genti-genten karo kleyabe dina-dina sing bakal teka.
"Bodhoa. Angger ko pancen mbelani tresna lan nrima apa sing ana, ya inyong ora bakal nyengkala." Omonge bapane Su, meh rong taun ganu nalikane Su wadul sebaline sekang daleme Pak Samad.
Jebule Pak Samad duwe rembug gedhe. Ora nyana ora nggliga dheweke detari, dejaluki tulung sebenere, kon ningkah karo Nur anake. Katon gedhe panelangsane, wong tuwa kuwe blaka angger Nur nemu lakon sing tuna. "Yange" neng Jogja, jebule laku cidra sewise telung wulan dhayohe Nur ora teka-teka. Mbuang sing bakal teka aring dunya genah nambahi dosa, ningen kayangapa mengko aloke wong desa? Mol enggane kelakon duwe putu ora duwe mantu?
"Sapa ngreti mbesuke ko nemu begja."
"Pikir dhisit, Su. Beli satu dapat dua?"
"Jukun adhepi baen, Su. Namanya juga cinta!"
Ngrumangsani anake wong ora dunya, aring Nur Su pancen ora tau wani ngumbar rasa tresna. Sedhengen ngkana? Wong tuwane kaya kurang lega anak wadone mung ubak-ubek neng Puraketa. Ndhoge wong mbanduara, ora pinter anaha ya kuliah dejujugna aring Jogja.
Senajan ana-ana baen aloke batir sing padha dejaluki timbang rasa, atine dhewek ora teyeng indha sekang rasa tresna. Turan, kayangapa mengko panalangsane Nur angger duwe bocah tanpa bapa? Ewadene koh kudu trima sabar sewetara, sewise bayine lair tolih Nur wis kena mbatiri dheweke ngambah endahe wengi-wengi sing ganu mung ana neng alam ngayawara?
Temenan, Nur sida duwe lan malah gelem urip bareng karo mertuwa. Kayadene wong wadon sing idhep aring tata, duga lan prayoga, aring Su Nur ora tau gawe kuciwa senajan pancen ora akeh nyewara apamaning kandhah lan crita. Setengah taun Su trima dadi calon bapa senajan ora kena ngambah endah swargane dunya. Ya mung ati kebek rasa welas kesinungan tresna sing marakna Su kuwawa ngadhepi panggonjake batir saben dina. Turan, akeh lan lumintune pegawean neng selipan uga marakna lungkrah kesele raga. Ewadene ana tekane karep asmara, kena deslimur ngendhong aring tangga. Malah kesenengane keroncongan sering dadi tamba.
Rong wulan sewise dadi bapa, Su nembe ngrasakna endahe wong bebojoan. Kelakon lelumban neng segarane asmara. Ningen begjane urip ora kena depesthekna. Bapane Nur malah nibakna ukara sing tumuju aring pepisahane wong sing agi ngulir pepasihan. Wong tuwa kuwe ora idhep aring sing arane katresnan.
"Ko kudu lega lila, Su. Nur kudu sida dadi sarjana. Bocah tah ora bakal dadi prekara. Inyong wong tuwa ora kepengin anak mung duwe tresna, ningen uga drajat sing mulya. Ora-orane kebecikanmu bakal muspra. Ko bakal tek sangoni dhuwit limolas juta. Aja mbadal, wangkot, apamaning koh ajek sulaya. Tek kira ko duwe rumangsa, inyong sapa ko sapa. Wis, wulan ngarep Nur agep tek jujugna maning aring Jogja."
Kaya sinambering gelap tuna, kaya ana udan salah mangsa. Atine Su kaya deketab krasa pecah-pecaha neng watu kumalasa. Ora kumecap sewanda rong wanda nalika mertuwane lunga. Apa iya? Mung semana? Mung semene? Su krasa seseg dhadhane.
Nalikane detakokna, Nur dhewek malah ngangseg-angseg ora wangsulan. Turunane wong mbanduara, bokmenawa gegayuhane ya mbuh apa sing ora. Ora cukup mung nyanding anak bojo lan tresna, dadi biyung bocah urip neng desa. Su dadi rumangsa angger leladhine Nur mung sederma patrape wong wadon sing kawengku dening pria. Bokmenawa tresna dudu prekara wigati tumrape wong wadon sing wis tau tuna.
"Dadi mung semene, Nur? Mesthi inyong ya rumangsa angger antarane inyong karo ko ya mung semana. Ora-orane inyong agep nyengkala. Mung, kepriwe mengko bocahe? Detinggal karo ninine apa ko tega?"
"Pa..pa..pangampurane, Pak."
"Wis, oraha degawe nelangsa. Sepira gedhene tresnaku ningen kudu lewih gedhe rasa rumangsaku. Ko lan bapamu bakal tek kunjara lega. Siji penjalukku, matura aring bapak, dhuwit peparinge ora bakal tek tampa. Kaya tah inyong dudu menungsa."
Nggembrot, Nur nubruk aring pangkone bojone. Su ndhengak nyawang rangken, ana banyu sing pating brinang neng mripate.
***
"Barang lewihan sih apa enake? Geleme, dadi ganjel kaya onana ajine."
Krasa panas pengrungone, muntab dhadhane. Tangane Su kumlawe. Brakkk! Cuk neng gegemane ora kuwawa nandhingi atose tegel bale. Mbledhag, kaya atine Su.
"Brisik ko lah, Dar! Dudu urusanmu!" Ora nggople aring Dar sing rumangsa luput, cuk sing wis remuk desaut. Ora poyan, Su bablas metu bali nggawa ati sing mawut-mawut.
Nerak grimis sing wis dawa-dawa, Su ngrasa wengine sengsaya mingkup. Samun, awit ora bakal ana swara lelipur maning sewise mbledhage cuk![]
____
*kepacak wonten ing Harian Pagi SatelitPost (SP) edisi Minggu Legi, 27 Januari 2013.
*amargi salah kirim file, ing cerkak punika, wonten ukara ingkang "salah". tembung "rong taun" kedahe "setaun".
["Bodhoa. Angger ko pancen mbelani tresna lan nrima apa sing ana, ya inyong ora bakal nyengkala." Omonge baparong Su, meh rong taun ganu nalikane Su wadul sebaline sekang daleme Pak Samad.]
kedahipun:
["Bodhoa. Angger ko pancen mbelani tresna lan nrima apa sing ana, ya inyong ora bakal nyengkala." Omonge baparong Su, meh setaun ganu nalikane Su wadul sebaline sekang daleme Pak Samad.]
mesthi kemawon "ralat" kados niki boten saged dados sesulih nggantosaken punapa ingkang sampun kepacak wonten ing SP. ewa semanten, punika sageda kangge pangeling-eling kula anggenipun nganggit crita punapadene kintu naskah dumateng pundi kewala, mbenjang ing tembe.
katuran dumateng sintena kemawon ingkang sakelangkung boten marem nyurasa cerkak punika, kula ingkang lepat, saestu nyuwun pangampura.
nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar